Pas bukak postingane Blogger Nasional sing bahas babagan Shiretoko ana ing kene iki, awal mulane aku ijik durung percaya nek Mas Andy MSE kuwi bener-bener nginstal tenanan, sebab Firefox 3.0.11 deweke isih isoh murup kanggo komen ing postingane kuwi mau. Aja-aja mung sak dremo dioprek source-nya dowang. Maune aku arepe donlot trus tak install. Nanging, ana ing paragraf akir postingan mau wis ana petunjuk sing gampang dilakoni lan ora mbulet-mbulet lan cepet. Makane aku langsung wae bukak terminal trus tak ketik wae tulisan iki : sudo apt-get install firefox-3.5. Lha kok mung butuh wektu kurang seko telung menit kanggo donlot lan langsung nginstal otomatis Shiretoko alias Firefox 3.5 kuwi mau. wes-wes plas-plas… si Shiretoko wis methungul ana ing aplikasi Ubuntu-ku iki. Kabeh-kabeh addons alias bekakas sing wis ana langsung dicek otomatis pas ngelakokne si Shiretoko iki. Sing cocok ya dijarne wae, sing kurang cocok langsung diapdet. Lha sing ora cocok ya wis kepiye meneh ya