Saben wong Indonesia apa maneh wong Jawa wis mesthi ngerti lan paham karo sing jenenge Brotoseno ugo Brotowali. Brotoseno yaiku satria Pandawa ana ing crita pewayangan. Dedege gede dhuwur, nduwe gaman Kuku Pancanaka lan Gada Rujak Polo. Nduweni sifat kasar, medeni mungsuhe lan seneng mangan. Brotoseno nduweni arti panglimane perang. Ugo kasebut Werkudara lan Bhima kang artine “medeni” utawa basa indonesiane “mengerikan”. Lha, Brotowali kuwi jamu kang rasane pait banget. Mulane yen ana cah wadon eseme ora enak disawang, njur diarani ‘eseme legi brotowali’. Brotowali kuwi digawe soko godong-godongan, uwite jenenge Brotowali utawa basa Indonesiane Sambiloto, basa Latine Tinospora crispa (L). Akeh ditemokne ana ing ngalas lan ladang. Saiki akeh dibudidaya kanggo obat-obatan. Uripe seneng ana ing daerah panas, duwure 2,5 M, golongane tanduran ‘perdu’ kang mrambat. Isoh dibudidaya kanthi stek. Brotowali nduweni khasiat kang akeh tenan,